Lahire Arjuna
Lahire Arjuna
Ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu. Mboten suwe dumadakan rawuh salah siji utusan saka Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.
Naliko nggarbini kang kaping 3 kunti talibroto ngrawuhake sang hyang endro jaluk kang supoyo kaparingan Putro Yen Lanang bagus Yen Putri ayu sak naliko den leksanani pamundute genep 9 condro 10 Dino Brol ponang jabang bayi lahir Kakung kang ganteng e separo jagad. Saka kelahiran niku bayi kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing mboten liya inggih punika kakang saka jabang bayi kui mau. Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.
Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Mboten suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe nggarbini tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.
Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi niku dicaosake dening Prabu Pandu kang mboten liya inggih punika bapakne. Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah kui. Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal inggih punika Arjuna.
Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwane Basudewa. Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka keloro bocah niki sesok bakal anurunake keturunan kang dados raja.
Komentar
Posting Komentar